Ora
enak nang ati tur ora aman nggo dompet
Dina
iki kuwi dina paling panas yaiku dina jum’at. Dina paling bebehi selama
seminggu kiye. kenangapa? Karna ya.. ana pramuka. Bebeh bae. Mending turu ana
ngumah. Adem , ayem langka beban. Ceritane, nyong lagi ngadeg nunggu angkot.
Ngerti angkot ra? Kae,lho. Mobil oren sing ana angkane nang dhuwure. Setya
nungguni wong kere sing ora duwe kendaraan kaya nyong.
“Hoi!”
batirku, Evan. Bengok kang motore sing mandeg nang ngarepku. “numpang,ra?”
Ya..mestine
nyong milih numpang., gratis,ikih!.
“thank
you, yo”
Nang
tengah dalan. Motore Evan mogok. Nyong sih.. mung sabar bae. Ora heran,lah.
Gratis emang kwalitase mandan ala. Mandan lho ya!
“sori
ya.. motore mogok. Jan jane sih.. nyong wis ngerti angger motore apan mogok.
Mula nyong nggolet batir nggo dorong motor”
“oalah!
Asem,kowe!”
Nyong
karo evan mlaku turut dalan. Wis panas , ora gutul gutul , angkot ya jelas ora
liwat daerah ngene. Pancen, Evan!
“wis
nggarap tugas indonesia, rung?” takon Evan.
“indonesia?”
“tugas
kon nggolet puisi”
“Astagfirullah!”
nyong nyauri mandan kaget. “wingi bae ana tugas masa siki ana tugas maning,
duitku wis tipis, kiye.”
“ya,
aja kesuh maring nyong. Kesuh maring gurune bae, mbok”Evan nyauri karo dorong
motor. “iya, siki mbok kurikulum 2013. Sing akeh tugase ini itu. ya, mestilah
kudu pasang duit akeh. Nggo ngeprint, tuku kiye kae lan liya liyane”
Nyong
mung geleng geleng, “masalahe, sing ora duwe duit kaya aku kepriwe? Jan jan,
wis tugas akeh. Nyong nggarap ya mandan mangkel. Lha, kepriwe ora mangkel? Wis
ngaweh tugas akeh banget ora gelem urunan duit. Ya, sori bae angger tugase gari
nggarap ora bener”
“betul,
kuwi. Nyong setuju. Maning, dhewek kan ora mung urusan pelajaran, thok! Ana
ekskul lan kegiyatan liya”
Aku
nyetop omonge, “kegiyatan sekolah kan siki ora bayar, bos?”
“ora
sih. Tapi,. Peralatane kuwi. Wis tuku larang larang dilalah salah! Kudu tuku
maning. Wis tuku maning mbarang wis ditumpuk. Salah! Apa ora mangkel benget”
“iya
ya, trus angger ekskul?”
Evan
dorong motor kambi njelasna, “masa kowe ra ngerti? Ya kae. Mbayar kaos, blazer
lan atribut liya liyane. Lha, mbayar bulanan bae nyong ora sanggup. Apamaning
bayar kaya kuwe. Kakang kelase nagih bae, maning!”
Aku
mung cengar cengir, thok. Bener apa sing diomongi Evan. “aku sih ora mbayar
bulanan. Wis ditanggung dana BOS.”
“enak
tenan,kowe. Bagiku, kabeh kuwe dijenengi, ora enak nang ati tur ora aman nggo
dompet”
“kaya
copet wae, ora aman nggo dompet”
Tanpa
ana aba aba apa apa. motore Evan murub. Cepet cepet, Evan lan nyong bali umah. Keburu
motore mogok maning.
No comments:
Post a Comment